Teks Eksposisi Bahsa Jawa : Pagelaran Jawi Wayang Wong - Syarif Miftahudin's Blog

Sunday, June 21, 2015

Teks Eksposisi Bahsa Jawa : Pagelaran Jawi Wayang Wong

Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater tradhisional Jawa. Wayang Wong menika gabungan antawisipun seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilen (Eropa) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka ing pulo Jawa. Lakon wayang ingkang dipungelar menika saking crita-crita wayang purwa. Wayang uwong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan. Miturut nami wayang kasebut, wayang wong ugo boten dipagelarke dening boneka-boneka wayang, anamung manungsa-manungsa ingkang ngganteni boneka-boneka wayang kasebut. Wong kang mainake wayang iki ugo ngagem pakaian ingkang sami kalian hiasan-hiasan ingkang diagem wayang kulit. Pasuryan para pemain wayang wong iki ugo diubah lan dihias supados mirip kalian aslinipun.

Miturut dinas pariwisata Kotamadya Dati II Surakarta, wayang wong lair ing abad XVIII. Ingkang nyiptakaken inggih menika Mangkunegara I ingkang kadosipun dipunilhami saking seni drama ingkang ngrembaka ing negeri kilén. Wiwitanipun wayang wong dipungelar ing Surakarta, lajeng dipungelar ing Yogyakarta. Wekdal sasi April 1868, nalikanipun Mangkunegara IV ngawontenaken khitanan putranipun ingkang asma Prangwadana lan Mangkunegara V wayang wong dipunsempurnakaken utaminipun bab pakéan lan pirantinipun. Ing taun 1899, Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari. Wonten ing peresmianipun ngawontenaken pagelaran kesenian. Salah setunggalipun inggih menika wayang wong. 

Wiwitanipun wayang wong menika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung dipungelar ing keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial, kanthi nyadé karcis. Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong menika wiwitanipun dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.), ingkang dipunpandegani dening Mangkunegara I. Wekdal menika ingkang dipungelar namung lakon-lakon wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran wayang wong wiwit boten subur, ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi pambiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngrembaka malih nanging taksih winates ing Yogyakarta lan Surakarta kemawon.




Pranyata kesenian wayang wong pikantuk sambutan ingkang saé saking masyarakat, lajeng tuwuh kathah pakempalan wayang wong. Wiwitanipun taksih amatir, dangunipun dados profesional. Pakempalan wayang wong ingkang moncér, kados Wayang Wong Sriwedari saking Surakarta lan Ngesti Pandawa saking Semarang. Wayang wong Sriwedari nggadhahi jasa ingkang ageng, inggih menika ndherék nglestarékaken budaya bangsa, kados seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan seni karawitan. Wiwitanipun ageman para penari wayang wong taksih prasaja kemawon, boten bénten kaliyan ageman adat keraton ingkang dipunagem ing saben dintenipun. Nembé ing jaman Mangkunegara VI (1881-1896), penari wayang wong nganggé irah-irahan ingkang kadamel saking kulit ingkang dipuntatah kanthi saé. Wonten ing pagelaran wayang wong, sandiwara kang diselingi tetembangan jawa, dipagelarken lan diiringi gamelan. Tema carita wonen ing pagelaran wayang wong menika biasane ngandut saka cerita legenda utawi sejarah jawi. Ugo katah ingkang ngandut saking cerita Ramayana lan Mahabarata.


Sumber :
https://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang_wong

5 comments:

Anonymous said...

What do you think

Unknown said...

Assalamu'alaikum
Tugas bahasa Jawa
Nama:ANNISA SILFI YULIYA SARI
KLAS :XITB1
ABSEN:01
MENENTUKAN POKOK² PARAGRAF TEKS EKSPOSISI JUDUL "PAGELARAN JAWI WAYANG WONG"
Wayang wong utawi Wayang uwong menika jenis teater tradisional jawa.Wayang wong utaminipun ngrembaka ing kraton lan golongan priyayi utawi bangsawan.Wayang uwong uga boten dipagelarke dening boneka-boneka Wayang,anamung manungsa-manungsa kasebut.Miturut dinas pariwisata kotamadya Dati II Surakarta, Wayang wong lahir ing abad XVIII.Wayang wong Wiwitanipun menika seni tradisional Jawa ingkang eksklusif, namung dipungelar ing kraron.Tema carita wonten ing pagelaran wayang wong menika biasane ngandut saka cerita legenda utawi sejarah jawi. Uga katah ingkang ngandut saking cerita Ramayana lan Mahabarata.

Unknown said...

Nama :Kavita Adinda.T.
Kelas :XI TB 1
No. :013

Menentukan pokok paragraf"teks eksposisi judul "PAGELARAN JAWI WAYANG WONG"

Wiwitanipun wayang wong menika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung dipungelar ing keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial, kanthi nyadé karcis. Wayang wong komersial ngrembaka lan puncakipun nalika wonten pakempalan "Ngesti Pandowo" ingkang dipunpandegani dening Sastrosabdo. Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong menika wiwitanipun dipungelar ing abad XVIII (±1760 M.), ingkang dipunpandegani dening Mangkunegara I. Wekdal menika ingkang dipungelar namung lakon-lakon wayang purwa. Sasampunipun menika pagelaran wayang wong wiwit boten subur, ananging ten Yogyakarta taksih wonten pagelaran wayang wong ngantos taun 1881. Kanthi pambiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong ngrembaka malih nanging taksih winates ing Yogyakarta lan Surakarta kemawon.

Unknown said...


Wiwitanipun wayang wong menika seni tradhisional Jawa ingkang ekslusif, namung dipungelar ing keraton. Ing taun 1902 wonten wayang wong ingkang ngrembaka urip komersial, kanthi nyadé karcis.

Unknown said...

Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater tradhisional Jawa.

Kami mengharapkan komentar dan kritikan yang membangun, ..